•☺• Selamat Datang di Rumah Cerita 'Blognya mahasiswa TI yang lebih suka menulis cerita' <<<<<•☺•ECHY FACTS•☺•>>>>> Gue suka FC Barcelona •☺• Golongan darah gue A •☺• Lebih suka film genre Thriler daripada Horror •☺• Jangan lupa follow twitter Echy @cieEchy •☺• Echy itu Mandiri dalam arti sebenarnya dan juga dalam arti mandi sendiri •☺• Pengin punya Apartemen, moga kesampean #AMIN •☺• Penampilan Kampungan Wawasan Internasional •☺• Lebih suka ngelamun daripada ngelantur •☺•

Jumat, 25 November 2011

Filosofi CIPOKAN


( moCI,ndoPOK,mendoAN )

oleh Kidung Setan Kober



Bismillahirahmanirrahim

“ Tuntutlah ilmu sampai ke negeri Cina”,,,

jare sabdane kanjeng nabi Muhammad SAW,ana sebagian wong ngomong kwe tah mung ibarat tok ( bagjane adoh ya dilakoni nggolet ilmu )sebabe negeri Cina kwe adoh sing arab,berarti ari kaya kuwe hadits kiye ora relevan nggo wong-wong sing urip ning perekE negeri Cina,nyong yakin kanjeng Nabi Muhammad pati-pati ngongkon menungsa nggolet ilmu nganti anjog negeri Cina,kuwe ora janji ceplos tapi berdasar fakta bahwa negeri Cina gudange ilmu,contone bae obat-obatan tradisional cina,tekek,coro,ula gen bisa dadi obat,terus ning Cina kuwe serba apa-apa ana filosofine,ana nilai Etika,Estetika karo Metafisika.
Etika kuwe perihal Moral karo tata krama,Estetika kuwe perihal Keindahan,Metafisika perihal sing ghaib.

Nganggo Contoh mEdang Teh Poci,budaya kiye ari ning Cina jaman kuno,kuwe nggo nyambut tamu-tamu agung atawa wong-wong sing dihormati,kadang acara medang Poci nggo diplomasi jenderal-jenderal  arep nentukna sida perang apa ora karo musuhe.

Nyong ora pan mbahas luwih adoh perihal filosofi Cina,tapi yuh pada belajar  ndokoni filosofi ning budaya atawa hal-hal sing sering dilakoni ding dewek,niru-niru kaya wong Cina.
Budaya nginum Teh Poci ora mung ning Cina tok,ning kota-kota kulon gunung slamet tercinta gen ana Budaya CIPOKAN ( moCI, ndoPOK,mendoAN ),ari ndopok angger ora karo nyambi nyruput Teh Poci karo nggemos mendoan kayane  gerah rungsang belih karuan.

Pertama ndokoni makna ning banyu,banyu kuwe sering digambarna Ilmu,wong nggolet ilmu geguru maring endi ora, nganti olih pirang-pirang Ilmu,barang wis rampung gegurune apa wis bisa diarani mateng ilmune?...ora bakal mateng ilmune angger durung di obong nganggo geni,ora bakal mateng ilmune angger durung di uji permasalahan-permasalahan sing pelik-pelik,sebabe kuwe nesih teori,nembe maca karo ngapalna tok durung praktek langsung,sing dipelajari ning sekolah apa pesantren kuwe mung garis besare tok atawa pokok-pokoke,angger kepengin weruh sekabehane ya ning kehidupan nyata.
Kesabaran ari ora tau ngalami ujian arane goroh,kejujuran ari ora tau ngalami ujian ya goroh,istiqomah ari ora tau ngalami ujian ya goroh,dadi perjalanan nyatakna ilmu kuwe angger jare Sayidina Ali ibarat “nglewati ewonan sabetan pedang” sepira hebate menungsa ngindari pasti pernah kegores pedang,maksude tah sepira wong berusaha ngindari salah pasti tetep pernah kejeblos ning salah,tapi sinau sing kesalahan sing tembe dilakoni akhire ndadekna kesadaran bahwa menungsa kuwe  ( makhluk )ora sempurna,sing Sempurna mung gusti Allah tok,lah kiye sing dimaksud “diobong”.sinau sing kesalahan karo nyadari kemakhlukane kye ndadekna mateng ilmune ( umeb banyune ).

Teh kuwe rasane sepet,wangi…rejekine sepet,rejekine wangi,prestasine sepet,prestasine wangi,arane sepet,arane wangi,kiye gambaran ujian sing dialami menungsa,susah ya ujian  bungah ya ujian,akeh wong pada ngira ujian kuwe “kesusahan”,dinein rejekine sepet,nesih pan gandulan belih karo gusti Allah,dinein rejekine wangi ( omber ) nesih pan syukuran apa justru pan pesta ora karuan.
Banyune wis umeb teh wis dibuka wadahe, terus dilebokna ning Poci diaduk,maknane ilmu karo kabeh ujian sing dialami dipasrahna kabeh ning Gusti Allah,Poci gambaran gudange Gusti Allah,gari nyiapna gelase,gelase kudu sing bersih angger gelase ora bersih ya banyu Teh-E ora dikucurna,kucuran banyu sing poci maring gelas kuwe gambaran taufik ,hidayah,inayah,berkah,nikmat wis pirang-pirang maknane,gelas gambaran awake menungsa,gelase diisi gula turut secuil aja kakehen gula angger kakehen ya manise leder malah wetenge dadi enek,sing arane nikmat kuwe bisane nikmat karena secuil,angger wis ( mlukEk ) kakehen ya ora nikmat maning,antarane teh karo gula kudu harmonis ( seimbang ).seumpamane nyong rika nggal dina mangan daging esuk,awan sore ,bengi ,suwe –suwe kenikmatane daging ilang.angger kepengin ngrasakna nikmate daging ya aja keseringen mangan daging,ari kepengin ngrasakna nikmate numpak motor ya aja keseringen numpak motor.jare Sayidina Ali “Kalau ingin cepat putus,berkunjunglah terus menerus,kalau ingin terus menerus berkunjunglah terputus-putus”maksude tah dadi wong aja serakah,kudu bisa nyiasati, olih nikmat akeh sing gusti Allah tapi ora dadi wong serakah.

Barang wis ketemu kabeh banyu teh karo gula ning gelas,wis rah gari disruput alon-alon….Srruuuupppppuuuutttt…hheeeeemmmm…alhamdulilah nikmat,aja klalen mendoan karo kecape Joooo…!!!... ( medange nggone lilike inyong (Paijo ) ning pinggir jembatan kali keruh ),ari wedang teh sing ning gelas wis kosong nengsih sing nyekeli pocine gagiyan ngiseni,dadi ari pengin dijogi terus wedange ding Gusti Allah ya kudune rumangsa kosong,rumangsa ora nduwe ilmu,ora nduwe kesugihan,ora nduwe jabatan,ora nduwe kesaktian,sebab kuwe kabeh angger gusti Allah ora ngejogi ya gelase kosong ora bakal ana isine,tolih angger isi sing ning gelas kayong luber ya gagiyan dijogna maring gelase wong liya,ben banyune ora mubah malah dadi berkah,angger jare bahasane kyai,ya dizakati lah banyu wedange.

MendoAn, kuwe gambaran ilat,duwe ilat kudu sing lemes aja kaku,aja sokan nggo mitnah apa ngece uwong liya,ari krungu apa-apa dikunyah sing lembut dirasa-rasa ndisit esih panas apa wis adem,mendoan esih panas dijejelna bae ning cangkem ya anjoge kemlopok ilate pada mlesdak ledes,pedes manis irenge kecap dimamah sing bener,sambel kecap luwih akeh kecape apa cengise?..nengsih akeh kecape,wong liya krungu manis asin gurihe bae,sing pedes tah nggo dewek bae,ari kepedesen ya mulane gagiyan di sruput wedange.

Angger wis glenggam glenggem nginum teh sing panas ,sepet,manis,kentel ya gari ndoPoke,angger wong wis tau ngrasani sepet manise teh, cerita maring wong liya bahwa medang teh poci kuwe nikmat,ya ceritane ora pElo,mbok jleb dirungu mlebu ning ati,sebabe wis tau ngalami,tapi angger jare-jare tok ya hambar ceritane. Sepira manise Gula ari mung dicampur banyu bening tok ya ora enak,dadi kudu ngrasakna dicampur teh atawa kopi,kenikmatan kuwe muncule diantara perpaduan panas ,pait,sepet,manis.

Urip ning dunia kuwe ,milah-milah nggoleti kenikmatan karo keslametan,ning perpaduan kesusahan karo kebungahan.ning susah ya ana nikmate,ning bungah ya ana nikmate, aja ketindihan susah aja ketindihan bungah.

Ya wis semene bae ndisit sedulur,muga-muga ana manfaate nggo nyong karo sampeyan kabeh,mbokan ana kata-kata sing ora pas,nyong njaluk ngampurane.

Ya Allah… nyong njaluk diadohna sing sifat rumangsa pinter dewek,sebab kuwe nutupi kecerdasan akale nyong,…Ya Allah… nyong njaluk diadohna sing sifat rumangsa bener ( suci ) dewek,sebab kuwe nutupi ketajaman mata bathine nyong…amin,amin ya robal alamin.



2 komentar:

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...